ilustrasi orang menulis (pexels.com/Kindel Media)
Bismillahirrahmanirrahiim
Assalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu kakung miwah putri ingkang minulya.
Nuwun,
Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.
Keparengan matur, minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, inggih punika Bapak … sekaliyan, kula ngaturaken gunging panuwun, dene panjenengan sami sampun kersa ngrawuhi anggenipun gadhah damel, ngemah-emahaken anak angka … nama …pikantuk … Bapak saha Ibu … ingkang pidalem ing …
Boten kesupen Bapak saha Ibu … ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa umpami, dene panjenengan sadaya sampun kepareng ambiyantu awujud kawigatosan, bandha, beya, iguh pratikel tuwin uba rampe sanesipun ingkang gemblengipun saged ngregengaken pepanggihan samangke punika. Sadaya punika kula wau sayektos damel gambira saha bombonging manah.
Pramila saking punika, mugi wontena keparengipun tumuli tindak tumuju sasana rinengga ingkang saperlu wawan asta kaliyan pinanganten dalah kluwarga.
Sasampunipun ingkang makaten, mugi kersa enggal tindak wonten ing panti bojana, tumuli ngasta dhahar saha ngunjuk kanthi mardika.
Salajengipun mbok bilih sampun kapenggalih cekap, saha sampun rempit samudayanipun, menawi ngersakaken jengkar saha kondur saking brayat ageng Bapak …ngaturaken sugeng kondur, saha matur sembah sewu nuwun awit paringipun donga pangestu saha punapa kemawon ingkang boten perlu kula piji-piji. Mugi tansah windriya waluya dumugi ing dalem panjenengan piyambak-piyambak. Inggih andupara sanget mugi krana idi palilah sagung para tamu, risang penganten kekalih tansah winantu ing karaharjan anggenipun mbikak jagading bebrayan.
Kejawi saking punika mbok bilih anggenipun caos pasegahan panakrami kirang nuju prana saha kathah kekilapanipun, saestu nyuwun wenganing saksama. Langkung-langkung kiranging eca-sakeca anggenipun caos palenggahan tuwin bojana inggih awit saking kawontenan saestu nyuwun rumentahing saksama.